I. III Wewejangan ingkang kaping tiga dipun wastani; “ Gegelaran Kahananing Pangeran “ pamejangan ambeberaken ingkang dados kanyatahan lan karsaning Pangeran, nalika anggelaraken kahanan miwah panguwasanipun, inggih punika ingkang anedahaken waktu badhe dhatengipun pejah, kamg ugi sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng Nabi Mohammad SAW.
Mekaten Pangandikanipun ; “ Sajatine manungsa iku rahsaningsun lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karan ingsun anitahake wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaningsun, iya iku sasmitaning geni, bumi, angin lan banyu ingsun panjingi limang ( 5 ) prakara iya iku : CAHYA, CIPTA, SUKSMA ( Nyawa ), ANGEN – ANGEN, lan BUDI iku minangka embanan panuksmaningsun, sumrambah ana ing dalem badaning manungsa.
Wejangan ing nginggil punika cundhuk kaliyan pangandikanipun para wicaksana ing Atasangin. Mekaten ; “ Rupa sajati iku asal saka sajatining rupa, sajatining rupa inggih warnaning Pangeran kang sejati, kababar wonten ing rupa kita pribadi, inggih punika tuladha surating Pangeran. Utawi sajatining Pangeran punika dados tiladhaning Nyawa utawi Suksma sajati, Nyawa sajati dados tuladhaning warna sajati, warna sajati punika dados tuladhaning rupa kita sajati”. Sampun uwas sumelang malih sabab kahananing manungsa punika tuturutan wahananing Pangeran, katandha saking prabawaning cahya kang anglimuti ing warna kita pribadi.
Amung dumugi samanten kemawon tepapalupining pralambang, menggah sumelehing penggalih kasumanggaaken, angger katuwuhan Budi wicaksana, sayekti saged anampeni suraosipun sadaya wejangan punika wau.
II. Wewejangan ingkang kaping sakawan dipun wastani ; “ Kayektening Pangeran “ inggih punika pitedahan tataning karaton, duk tinata wonten uteking manungsa. Sejatosipun inggih naming kangge pitedahan kayektening wujud satunggal – satunggal, anandhakaken kadadosan karsa, ingkang mboten ewah gingsir ing kahananipun. Wejangan wau inggih anggelaraken bab kasampurnaning manungsa, kang ugi sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng Nabi Mohammad SAW.
Mekaten pangandikanipun : “ Sejatine Ingsun anata palenggahan, dumunung ana ing enggon parameaningsun, jumeneng ana ing sirahing manungsa. Kang ana sajroning sirah iku utek, kang gegandhengan ana ing antarane utek iku manik, yoiku telenging netra aran pramana. Sajroning manik iku Budi, sajroning Budi Iku Napsu , kang uga ingaran angen – angen. Sajroning Napsu iku Suksma , kang uga ingaran Nyawa, Roh utowo Getih . Sajroning Suksma iku Rahsa, kang uga ingaran Cipta. Sajroning Rahsa iku Ingsun , ora ana Pangeran, nanging Ingsun sajatining urip kang anglimuti sagunging kahanan.”
Menggah dunungipun mekaten :
1. Sirah Sajatining enggen Parameyan.
2. Utek kandanging Cahya, pambukaning netya.
3. Manik Sajatining Pramana, pambukaning Paningal.
4. Budi Sajatining Manah, pambukaning Pamicara.
5. Napsu Sajatining Angen – angen, pambukaning Swara.
6. Suksma Sajatining nya, pambukaning Swarga.
7. Rahsa Sajatining Gesang, pambukaning Pangraos.
Peperangan ing nginggil punika, sajatosipun mboten sanes witing Pangawasa wau, inggih saking purbawasesaning Pangeran kita.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Saran dan kritik anda saya tunggu...