GABUNG DISINI untuk Meningkatkan Trafic Blog MU.....

Selasa, 28 Juni 2011

PASINAON PRANATACARA_1

01. Mranatacara Lan Hamedhar Pangandikan Ingkang Sae
Saderengipun kita maos tuladha-tuladha gladhen maraga minangka Panatacara (MC) lan hamedhar pangandikan, mangga ing perangan ngajeng punika kita hanggladhi mangka paraga Panatacara lan hamedhar pangandikan.
Kanthi adhedhasar pangertosan lan pengalaman ingkang kedah kita mangertosi utawi sak mboten - mbotenipun kita nggadhahi, sabab manawi anjagekaken tuladha hamedhar pangandikan kemawon, kirang ndadosaken pamareming manah ing tundhonipun.
Ngibaratipun menawi kita yasa wisma ingkang sae nanging pondhasi / dhasaring bangunan badhe ambruk, semanten ugi hamedhar pangandikan, menawi kita namung ngapalaken tuladha - tuladha tanpa hanggadhahi dhasar tundhonipun badhe amanggihaken kuciwaning manah.
Wonten sangajenging para tamu, lan para lenggah, tartamtu mboten nama kaladuk menawi wonten ing buku punika badhe kita beberaken sapala ngengingi kados pundi hamaraga minangka Panatacara lan hamedhar pangandikan.
Kula pitados, menawi kita saged nguwaosi cara - caranipun Panatacara lan hamedhar pangandikan, mila kanthi mekaten kita badhe kasil anggen kita hamedhar pangandikan ingkang sae, andamel sengseming akathah lan hamemiluta kanthi tetembungan ingkang manis mamanuhara
Kita enget Bung Karno? Panjenenganipun minangka Presiden utawi Proklamator, nanging ugi misuwur minangka salah satunggaling piyantun ingkang lebda hamedhar pangandikan ingkang kondhang kaloka.
Semanten ugi kita tepang sintenta Haji Zainnudin MZ mubaligh ingkang misuwur. Pinten-pinten dasa kaset rekaman anggenipun hamedhar pangandikan sampun sumebar laris wonten ing pekenan.
Sampun puluhan ewon ingkang sami kepranan malah manawi sang Mubaligh nedheng amedhar pangandikan.
Kados pundi kok saged makaten ? Mubaligh kita ingkang satunggal punika anggadhahi kawegigan hamedhar pangandikan ingkang sae.
Kita kepengin kados dene panjenenganipun ? Sampun kuwatos ing manah.
Sadayan piyantun saged. Lan kita pitados bilih kita ugi saged hanindakaken manawi kanthi dhasar ateteken kanthi tekun anggladhi lan amarsudi
02. Pangertosan Bab Hamedhar Pangandikan
Saderengipun kita anggladhi utawi maraga hamedhar pangandikan / tanggap wacana, langkung rurniyin kedah mangertosi babagan werdinipun hamedhar pangandikan / tanggap wacana punika punapa?Hamedhar pángandikan / tanggap wacana punika salah satunggaling pakaryan kangge amedharaken panguneg-uneging manah, gagasan, inforrnasi dhumateng piyantun kathah lan anggadhahi tujuan kangge mratelakaken pangertosan dhumateng piyantun kathah nanging saged ugi kangge milut.
Dados ingkang baken salebetipun hamedhar pangandikan / tanggap wacana inggih punika kados

pundi panjenengan saged amilud dhumateng para pamyarsa kanthi pamedharing pangandikan panjenengan, tartamtu kemawon badhe andamel. kuciwaning manah menawi panjenengan hamedhar pangandikan kanthi angandhar - andhar, ngantos - ngantos busana kita teles dening gumbrobyosing riwe, nanging para pamyarsa (para tamu) punika babar pisan boten saged kapilut / katuju ing manah.
Dados punjeripun kita hamedhar pangandikan punika, tiyang sanes supados miyarsakaken punapa ingkang kita wedharaken, kanthi pangajabing sedya sageda dados cathetan wonten ing penggalihipun. Punika hamedhar pangandikan ingkang sae.
03. Tujuan Hamedhar Pangandikan
Kados sampun kaandharaken wonten ing ngajeng tujuan utami hamedhar pangandikan inggih punika kangge hangaturaken panguneg - uneging manah utawi mratelakaken informasi kanthi Hamedhar pangandikan wonten sangajenging piyantun kathah supados sami mangertosi ingkang kita andharaken.
Peprincening hamedhar pangandikan punika kaperang dados pinten - pinten perangan.
1. Hamedhar pangandikan ingkang asipat mratelakaken informasi.
2. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hiburan.
3. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut dhumateng para
pamyarsa.
04. Hamedhar Pangandikan Ingkang Sipatipun Informasi
Informasi ingkang mengku werdi palapuran, utawi pratelan ngengingi satunggaling bab dhumateng para pamyarsa.
Amargi hamedhar pangandikan ingkang sipatipun informasi punika ngandharaken pawartos utawi palapuran, utawi nyariyosaken salah satunggaling bab dhumateng para pamyarsa, salebetipun hamedharaken babagan ingkang wigatos kedah ingkang cetha, gamblang lan sasaget - saget dipun mangertosi.
Menawi kita hamedhar pangandikan kanthi gamblang lan gampil dipun tampi, pramila mboten badhe muspra wedharing pratelan ingkang kita wedharaken.
Pamyarsa saderengipun babar pisan boten mangertos, nanging ing wusananipun gamblang lan mangertos sasampunipun kita hamedhar pangandikan ingkang sipatipun informasi / pratelan.
Medharaken informasi punika upaminipun ngaturaken palapuran tanggel jawab pangarsa dhumateng para anggota ing babagan program kerja ing salebeting satunggal warsa (setahun), mratelakaken palapuran ngengingi bab - bab ingkang dipun tindakaken lan sanes - sanesipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Saran dan kritik anda saya tunggu...