GABUNG DISINI untuk Meningkatkan Trafic Blog MU.....

Selasa, 28 Juni 2011

PASINAON PRANATACARA_2

05. Hamedhar Pangandikan Ingkang Sipatipun Hiburan
Hamedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika kanthi tujuan mratelakaken informasi utawi hamilut pamyarsa dhumateng gagasan kita, nanging tujuwanipun asipat mirunggan upaminipun medhar pangandikan wonten salebeting tata upacara pahargyan prasaja mantu / ambal warsa lan sanes-sanesipun.
Hamedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika padatan badhe katingal wonten ing Panatacara (MC) ingkang angendhaleni lampahing tatacara ing pahargyan manten, ambal warsa, tatacara hiburan ing ambal warsa 17 Agustus lan sanesipun.
Dados ingkang asipat mirunggan utawi mboten resmi.
06. Hamedhar Pangandikan Ingkang Asipat Amilut Dhumateng Para
Pamyarsa
Hamedhar pangandikan punika benten kaliyan medhar pangandikan ingkang asipat atur pratelan (informasi) utawi ingkang asipat atur panglipur.
Medhar pangandikan ingkang asipat amilut tiyang sanes kanthi tujuan inggih punika supados pamyarsa saged kapilut panggalihipun amargi wedharing pangandikan kita.
Kangge amujudaken tujuan punika, kabetahaken cara hamedhar pangandikan ingkang sae, antawisipun nguwaosi ingkang badhe dipun andharaken, lan wasising pamicara kangge amilut para pamyarsa.
Kathah piyantun ingkang ngadeg wonten sangajenging microphone kanthi pangandikan ingkang sereng, nanging para pamyarsa mboten nggatosaken pangandikan kasebat malah - malah wonten saperangan sami ngantuk.
Bab punika nedahaken bilih pamedhar pangandikan kirang mampu amilut dhumateng para pamyarsa ingkang sampun lebda, bangkit hamemilut para pamyarsa kanthi raos ingkang saged hanuju prana lan kebak ing raos greget.
Wonten gambaran kados pundi para pamyarsa nalika haningali Zainudin MZ amedhar pangandikan, tartamtu panjenenganipun katut larut wonten ing raos greget.
07. Sintenta Ingkang Miyarsakaken Wedharing Pangandikan Panjenengan
Kanthi hambudidaya mangertosi sintenta ingkang dados pamyarsa wedharing pangandikan kita, utawi kita medhar pangandikan wonten sangajenging sinten, inggih wigati sanget, kangge mangertosi sintenta para pamyarsa ingkang badhe dipun pilut, kasil lan mbotenipun wedharing pangandikan kita.
Upaminipun kita medhar pangandikan wonten sangajenging tiyang-tiyang padhusunan ingkang saben dinten makarya ing pasabinan, mila sampun kasamektakaken kaliyan medhar pangandikan wonten sangajenging para siswa lan mahasiswa.
Medhar pangandikan wonten sangajenging para pejabat kedah dipun bentenaken kaliyan medhar pangandikan wonten ing sangajenging para santri temtunipun boten badhe leres manawi kita medhar pangandikan wonten sangajenging para among tani, nanging angginakaken basa ingkang mentereng lan dipun selingi basa ilmiah.
Mila salajengipun punika wonten cara mligi ingkang tinamtu kangge medhar pangandikan wonten ing sangajenging para piyantun ingkang dumadi saking maneka warni kalenggahanipun. Lan tatacara medhar pangandikan ingkang kedah panjenengan gatosaken inggih punika:
A. Tatacara medhar pangandikan wonten. ing sangajenging tiyang desa
bentil.
B. Tatacara medhar pangandikan wonten ing sangajenging para pejabat
lan ingkang nggadhahi pangkat.
C. Tatacara medhar pangandikan wonten sangajenging para pemudha lan
pelajar / siswa.
D. Tatacara medhar pangandikan wonten ing kalanganipun kaum Santri.
E. Tatacara medhar pangandikan wonten ing sangajenging para ibu-ibu.
F. Tatacara medhar pangandikan wonten ing sangajenging dumadi
benten - benten agaminipun.
G. Lan sanes-sanesipun.
08. Hamedhar Pangandikan Wonten
Sangajenging Kaum Awam
Kaum awam dumados saking tiyang-tiyang ingkang dereng nate ngenyam pendidikan wonten ing bangkuning pasinaon, bebrayan padhusunan among tani lan tiyang ingkang taksih andhap pangertosanipun.
Menawi kita hamedhar pangandikan wonten ng sangajenging tiyang - tiyang ingkang kados mekaten kawontenanipun, prayogi kita kedah mangertosi ingkang kita aturaken lan ngginakaken basa ingkang kados pundi supados wedharing pangandikan kita gampil dipun tampi.

Lan kita kedah nggatosaken dhumateng bab-bab kados ing ngandhap punika:
1. Kita kedah nggatosaken dhumateng basa. Basa ingkang kita ginakaken inggih punika basa
ingkang biasa kemawon. Saged ngginakaken basa Indonesia nanging kedah dipun campur
kalian basa dhaerah. Sampun ngantos pisan-pisan angginakaken basa ingkang ilmiah lan leluwihan.
2. Materi utawi bahan ingkang kita aturaken kedah biasa sampun ngantos
inggil bobotipun lan kanthi mbulat - mbulet anggenipun ngandharaken.
Langkung prayogi menawi wedharing pangandikan ingkang sipatipun hanuwuhaken raos
gotong - royong sesamining warga lan murih majengipun kampung.
Crita ingkang kita andharaken kedah ngengingi ing sakubenging panggesanganipun para
pamyarsa. Sampun crita ngengingi bab politik, lan kawontenan ingkang dumados wonten ing
manca negari lan sanesipun.
Andharan lan isining crita, ingkang biasa badhe kasil hamilut para pamyarsa.
Panjenengan kedah ngaturaken selingan ingkang asipat banyolan (guyonan).
Para pamyarsa sanget suka dhumateng banyolan-banyolan.
3. Ngutamekaken medhar pangandikan ingkang urut lan runtut. Sampun ngantos medhar pangandikan ingkang mubeng - mubeng sahengga ngandhar - andhar tundhonipun andadosaken bingunging ingkang midhangetaken. Sampun ngantos ngaturaken janji - janji ingkang mboten nyata. Masyarakat awam gampil pitados dhumateng pangandikan nanging sampun ngantos dipun apusi.
09. Tatacara Medhar Pangandikan Wonten
Sangajenging Para Pejabat Lan Piyantun Ingkang Nggadhahi
Palungguhan
Piyantun ingkang anggadhahi palungguhan lan pejabat beda sanget kaliyan tiyang awam ingkang taksih andhap pangertosanipun.
Pramila menawi kita medhar pangandikan wonten ing sangajenging para pejabat kedah kita bentenaken kaliyan tata krama medhar pangandikan wonten sangajengipun tiyang awam (ingkang taksih andhap pangertosan pendhidhikanipun).
Bab-bab ingkang kedah kita gatosaken menawi medhar pangandikan wonten sangajenging para pejabat utawi piyantun ingkang nggadhahi palenggahan kedah nggatosaken dhumateng:
1. Kita utamekaken ngagem busana ingkang sopan, sampun ngantos
ngagem busana ingkang sakwontenipun.
Enget kita kedah angurmati dhumateng pribadi kita piyambak lan
angurmati dhumateng para pamyarsa para pejabat utawi ingkang
nggadhahi palenggahan, sanget angaosi pepanggihan ingkang sipatipun
resmi.
Semanten ugi busana inggih kedah ingkang resmi lan sopan.
2. Basa (Bahasa) ingkang kita ginakaken prayogi angginakaken Basa
Indonesia / Jawi ingkang sae lan leres.
Pangandikan ingkang sopan lan urut runtut.
Prayogi kita selingi kaliyan tembung tembung ilmiah, crita-crita
ngengingi pangertosan manca negari lan sanesipun.
Enget sampun ngaturaken guyonan ingkang kirang bobotipun.
Nanging wedharing pangandikan kathah ngaturaken pesen lan saran.
Guyonan ingkang wonten bobotipun lan sampun ngantos kekathahen.
3. Isining pangandikan utawi bahan ingkang kita aturaken salebeting
medhar pangandikan leres - leres dipun samektakaken kanthi sae.
Isining pangandikan kedah kita jumbuhaken kaliyan palenggahan kita
ing wekdal maraga wonten ing tata adicara sanesipun. Upaminipun
tata adicara pembikaan Rapat ing Kecamatan lan kita ingkang kapatah
minangka Panatacara (MC).
Jumeneng wonten sangajenging podium utawi mimbar kanthi sopan. Sampun ngantos kekathahen slaga, satemah badhe dipun gegujeng dening para pamyarsa, menawi kita (over akting).

10. Hamedhar Pangandikan Wonten
Sangajenging Pemudha Lan Pelajar
Medhar pangandikan wonten sangajenging pelajar ugi wonten tata kramanipun utawi sopan santunipun piyambak katandhingaken kaliyan medhar pangandikan wonten sangajengipun umum, kita kedah nglenggana bilih pemudha lan pelajar punika sawenehing pakempalaning piyantun ingkang intelektual.
Piyamibakipun anggadhahi wawasan sarta pengalaman ingkang wiyar, pramila punika wonten salebeting ngaturaken materi utawi isi wedharing pangandikan kedah kajumbuhaken kaliyan piyambakipun.
Prayogi kataliti punapa ingkang dipun kajengaken.
Basa ingkang kaginakaken prayogi ngginakaken basa Indonesia / Jawi, langkung sae malih manawi dipun selingi kaliyan tembung - tembung ilmiah utawi tembung - tembung manca.
Pokokipun ingkang gampil katampi dening pamyarsa.
Saged dipun selani guyonan ingkang asipat remaja, utawi guyonan seks (nanging sampun ngantos lekoh sanget).
Bab punika badhe nggiyataken supados piyambakipun nggatosaken wedharing pangandikan kita.
Prayogi dipun singkiri pangandikan ingkang asipat mojokaken piyambakipun.
Enget, umumipun pemudha utawi pelajar punika anggadhahi watak ingkang gampil kacocok raosipun engga kebrongot kanepsonipun.
Kosok wangsulipun kita maringi pujian / pangalembana lan daya greged sahengga piyambakipun nggatosaken lan kasengsem ingkang kita wedharaken.
Prayogi kabudidayá isi wedharing pangandikan ingkang kita andharaken mboten nyulayani pamanggihing piyambakipun utawi mrosotaken pribadinipun.
11. Medhar Pangandikan Wonten
Sangajenging Para Santri
Hamedhar pangandikan wonten sangajenging para santri utawi tiyang - tiyang ingkang umumipun kuwat agaminipun mila kedah kita gatosaken bab ingkang kados mekaten kacetha ing ngandhap punika:
1. Busana ingkang sopan. Kautamekaken ngagem pecis sampun ngantos
pisan - pisan ngagem dhasi kupu - kupu, busana ingkang prasaja /
biasa nanging sopan.
2. Kaginakaken basa (bahasa) Indonesia / Jawi ingkang biasa wonten
ing pembikaan medhar pangandikan kita kedah ngajak piyambakipun
ngucapaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, utawi ngajak
pamyarsa maos Basmallah.
3. Isining pangandikan kedah kajumbuhaken kaliyan paraga punapa
ingkang nedheng kita ayahi wonten ing adicara ingkang dipun
wontenaken.
Upaminipun menawi kita minangka Ketua panitia mrengeti Isro'
Mi'roj, mila kedahipun ingkang kita aturaken inggih punika :
Ngucapaken atur panuwun awit panyengkuyung lan partisipasinipun
para rawuh ing adicara kasebat. Lajeng kita kedah nyuwun
pangapunten.
4. Kautamekaken sampun ngantos nuwuhaken panggalih ingkang kirang
prayogi wonten salebeting golongan ingkang taksih nunggil Agami.
Sampun ngantos ngaturaken pangandikan ingkang asipat khilafiah.
12. Medhar Pangandikan Wonten
Sangangajenging Para Ibu - Ibu
Medhar pangandikan wonten sangajenging ibu - ibu utawi saperangan ingkang rawuh punika kaum wanita, mila kedahipun kita ngatos - atos salebeting ngaturaken wedharing pangandikan.
Langkung ingkang medhar pangandikan punika satunggaling priya.
Sabab, manahipun Wanita / Ibu - ibu sanget landhep raos pangraosipun, gampil kecocok manahipun lan sanesipun.
Pramila kedah nggatosaken dhumateng bab - bab:
1. Kautamekaken supados medhar pangandikan mboten ngengingi
raosipun tiyang sanes. Medhar pangandikan ingkang cetha lan sampun
ngantos ngginakaken basa ingkang ngandhut kathah pitakenan.
Basa ingkang kaginakaken kedahipun basa ingkang sae lan sopan.
2. Busana ingkang sopan. Sabab satunggaling piyantun putri mboten
badhe kasengsem miyarsakaken wedharing pangandikan kita, menawi
kita ngagem busana ingkang namung punapa wontenipun lan boten
rapi.
3. Kangge ngisi supados swasana mboten katingal nggekeng saged
kaselingan guyonan.
Nanging ingkang kedah kita gatosaken inggih punika sampun ngantos
pisan - pisan ngaturaken guyonan ingkang mboten sae.
Satunggaling wanita sanget mboten remen pangandikan ingkang
langkung kathah lan nyrempet babagan seks utawi bab ingkang lebet
tumrap pribadining wanita.
Tuladha - tuladha ingkang kita aturaken wonten ing medhar
pangandikan prayogi wonten ing lingkup sakubenging jagading
wanita.
Sampun ngantos ngunggulaken kaum pria, nanging salebeting medhar
pangandikan wonten sangajenging para wanita punika kedah
ngunggulaken darajating wanita.
13. Tatatacara Medhar Pangandikan Wonten Sangajenging Tiyang Ingkang Mboten
Sami Agaminipun
Hamedhar pangandikan wonten sangajenging tiyang ingkang mboten sami agaminipun, benten sanget kaliyan medhar pangandikan wonten ing sangajenging tiyangingkang nunggil agami.
Medhar pangandikan wonten sangajenging tiyang ingkang maneka warni agami lan keyakinanipun kedah ngatos - atos.
Lan ingkang kedah kagatosaken kados ing ngandhap punika:
1. Busana ingkang kita agem kedah rapi lan sampun ngetingalaken agami
ingkang kita rasuk / kaanut
2. Basa ingkang kita ginakaken kedah ingkang asipat umum, kenging
ngginakaken basa Indonesia nanging ugi kaselingan basa dhaerah.
3. Isi wedharing pangandikan dipun jumbuhaken kaliyan wigatosing
panjenengan ngayahi pakaryan ing adicara kasebat.
Pangandikan sampun ngantos pisan - pisan ngunggulaken satunggaling
agami lan mojokaken agami sanes.
Sampun ngantos angina agami ingkang boten kita rasuk.
Tundhonipun sanget mbebayani.
Manawi perlu, sami kaajak manunggalaken sesamining umat ingkang
sami ngrasuk agami, upaminipun gentosan makarya sesarengan
wonten ing pembangunan, tulung - tinulung mat sinamadan wonten ing
urusan panggesanganing ndonya lan bebrayan.
14. Warni Warnining Medhar Pangandikan
Bentuk utawi maneka warnining medhar pangandikan punika wonten pinten - pinten bab. Ing antawisipun inggih punika medhar pangandikan kanthi langsung utawi medhar pangandikan kanthi bebas, salajengipun wonten ugi medhar pangandikan ingkang kawengku dening teks, sahengga mboten pikantuk mlenceng saking teks.
Lan wonten ugi medhar pangandikan kanthi langsung, ugi wonten medhar pangandikan ingkang kanthi cara ngapalaken langkung rumiyin, lan ugi wonten medhar pangandikan ingkang asipat negesaken saking wedharan ingkang kacathet garis agengipun kemawon. Prayogi pinten - pinten warni medhar pangandikan kasebut badhe kita onceki, kados ing andharan ngandhap punika.

a. Medhar Pangandikan kanthi bebas.
Medhar pangandikan ingkang mboten ngginakaken teks babar pisan.
Sipating medhar pangandikan punika saged biasa, amargi namung
ngaturaken atur panuwun lan nyuwun pangapunten dhumateng para
pamyarsa / para rawuh.
Upaminipun wonten ing tatacara pahargyan temanten, wakil saking
ingkang mengku gati amedhar pangandikan, ngaturaken panuwun
kerawuhanipun para tamu lan nyuwun pangapunten awit ingkang
mengku gati mboten saged ngaturaken papan palenggahan ingkang trep
lan jumbuh kaliyan palungguhanipun para tamu sowang - sowang.
Medhar pangandikan punika sipatipun biasa saengga dipun wastani
medhar pangandikan bebas.

b. Medhar Pangandikan ingkang ngginakaken teks / kawengku.
Medhar pangandikan punika mboten bebas utawi medhar pangandikan
ingkang winengku, awit punapa ingkang kita aturaken wonten
sangajenging para rawuh winates ingkang wonten salebeting teks.
Teks utawi naskah pamedhar pangandikan saderengipun sampun
kasusun / karakit kanthi rapi, sae lan leres, upaminipun wonten ing
tata adicara resmi.
Tuladhanipun medhar pangandikanipun Presiden, medhar
pangandikanipun Gubernur, medhar pangandikan laporan tanggung
jawab, ingkang kapratelakaken kades dhumateng anggota/warga
LKMD lan sanes-sanesipun.
Menawi kita medhar pangandikan angginakaken teks, nanging sampun
ngantos pisan - pisan kita angenggokaken pangandikan kita, kanthi
angginakaken teks kasebat ngantos purna.
Sampun ngantos dipun tambah lan dipun kurangi, supados saget
ngaturaken kanthi lancar mila tebih saderengipun kedah kita sinau /
kagladhi caranipun ngucapaken, kagatosna titik lan koma sarta tandha
maos sanesipun ingkang wonten ing salebeting teks kasebat.

c. Medhar Pangandikan kanthi dadakan.
Medhar pangandikan kanthi dadakan ingkang langsung tanpa dipun
rancang saderengipun / spontan, bab punika asring dumados lan
kathah ingkang kita panggihi, upaminipun nalika wonten resepsi
dumadakan MC manggihi kita rikala tata adicara badhe dipun
leksanakaken amung pinten dhetik malih.
Kita kasuwun supados paring tanggap wacana pinangka wakilipun
para tamu, lan sanes- sanesipun, menawi kita mboten kulina paring
tanggap wacana utawi medhar pangandikan mila badhe kedadosan
kados ingkang kasebat ing nginggil, mila temtu kita badhe adhem
panas lan gumrobyos wijiling riwe.
Malah-malah kita mopo lan tetep lenggah ing kursi kita, sinartan
pikiran ingkang meneng, awit saking punika, kedahipun kita tekun
hanggladhi ing babagan medhar pangandikan, supados ing
satunggaling wedal menawi kasuwun paring tanggap wacana / medhar
pangandikan kanthi dadakan, kita boten badhe nguciwani / demam
panggung.

d. Medhar Pangandikan kanthi apalan.
Medhar pangandikan kanthi apalan inggih punika satunggaling
kegiatan medhar pangandikan ingkang medharaken isi wedharing
pangandikan ingkang tebih saderengipun sampun kaapalaken, piyantun
ingkang medhar pangandikan kanthi cara ngapalaken punika padatan
tebih saderengipun sampun ngrancang naskah / teks medhar
pangandikan, salajengipun kaapalaken.
Lan nalika tata adicara kawiwitan lajeng panjenenganipun
medharaken satunggaling apalan ingkang sampun kagladhi, medhar
pangandikan ingkang makaten asring sanget katindakaken dening para - para ingkang nedheng gladhen bab medhar pangandikan.
Kirang prayoginipun medhar pangandikan punika salebeting
medharaken isi utawi bahan kangge medhar pangandikan asring
katindakaken kanthi. tembung - tembung cepet, lan maraga ingkang
kirang menep / kirang wening malah menawi ngantos kesupen
apalanipun mila badhe mandheg pedhot ing tengah kados dene
boneka / pepethan ingkang ngadeg wonten sangajenging para rawuh.
Malah-malah badhe dados gegujenganing para rawuh.

e. Medhar Pangandikan lan ngandharaken maknaning bahan / materi.
Medhar pangandikan kanthi makna punika mujudaken medhar
pangandikan ingkang asring katindakaken dening piyantun ingkang
lebda medhar pangandikan wonten ing sangajenging para piyantun
kathah, medhar pangandikan makaten punika namung anyiagakaken
pokok - pokok / garis ageng bab satunggaling masalah ingkang badhe
kita wedharaken.
Salajengipun saben wosing pangandikan punika mangke kita
andharaken wonten ing sangajenging piyantun kathah / para tamu lan
pangandikan ingkang rinengga sinartan tetuladhan lan guyonan, kangge
ingkang sampun kulina, mila gangsal pokok pangandikan kemawon
badhe saged kaandharaken lan kathah bumbunipun ngantos pinten -
pinten jam dangunipun.
Dados kathah para lebda medhar pangandikan namung nyerat bab
ingkang penting wonten sanginggiling dalancang kanthi urut runtut
salajengipun dipun tegesi / kajarwakaken piyambak nalika sampun
medhar pangandikan wonten sangajenging para rawuh / para tamu.
Kita ugi badhe wikan maraga medhar pangandikan ingkang makaten
punika, kanthi cathetan manawi kita asring gegladhen lan marsudi,
tartamtu mbetahaken tebaning pangertosan ingkang wiyar, sahengga
pangandikan kita mboten badhe pedhot wonten ing tengah - tengah.
Lan satunggal bab malih ingkang mboten kita tilaraken inggih punika tujuan medhar pangandikan sak jenis punika, nun inggih supados para pamyarsa kapilut murih saged nampi punapa ingkang sampun kita wedharaken dhateng para pamyarsa.
Read More...

PASINAON PRANATACARA_1

01. Mranatacara Lan Hamedhar Pangandikan Ingkang Sae
Saderengipun kita maos tuladha-tuladha gladhen maraga minangka Panatacara (MC) lan hamedhar pangandikan, mangga ing perangan ngajeng punika kita hanggladhi mangka paraga Panatacara lan hamedhar pangandikan.
Kanthi adhedhasar pangertosan lan pengalaman ingkang kedah kita mangertosi utawi sak mboten - mbotenipun kita nggadhahi, sabab manawi anjagekaken tuladha hamedhar pangandikan kemawon, kirang ndadosaken pamareming manah ing tundhonipun.
Ngibaratipun menawi kita yasa wisma ingkang sae nanging pondhasi / dhasaring bangunan badhe ambruk, semanten ugi hamedhar pangandikan, menawi kita namung ngapalaken tuladha - tuladha tanpa hanggadhahi dhasar tundhonipun badhe amanggihaken kuciwaning manah.
Wonten sangajenging para tamu, lan para lenggah, tartamtu mboten nama kaladuk menawi wonten ing buku punika badhe kita beberaken sapala ngengingi kados pundi hamaraga minangka Panatacara lan hamedhar pangandikan.
Kula pitados, menawi kita saged nguwaosi cara - caranipun Panatacara lan hamedhar pangandikan, mila kanthi mekaten kita badhe kasil anggen kita hamedhar pangandikan ingkang sae, andamel sengseming akathah lan hamemiluta kanthi tetembungan ingkang manis mamanuhara
Kita enget Bung Karno? Panjenenganipun minangka Presiden utawi Proklamator, nanging ugi misuwur minangka salah satunggaling piyantun ingkang lebda hamedhar pangandikan ingkang kondhang kaloka.
Semanten ugi kita tepang sintenta Haji Zainnudin MZ mubaligh ingkang misuwur. Pinten-pinten dasa kaset rekaman anggenipun hamedhar pangandikan sampun sumebar laris wonten ing pekenan.
Sampun puluhan ewon ingkang sami kepranan malah manawi sang Mubaligh nedheng amedhar pangandikan.
Kados pundi kok saged makaten ? Mubaligh kita ingkang satunggal punika anggadhahi kawegigan hamedhar pangandikan ingkang sae.
Kita kepengin kados dene panjenenganipun ? Sampun kuwatos ing manah.
Sadayan piyantun saged. Lan kita pitados bilih kita ugi saged hanindakaken manawi kanthi dhasar ateteken kanthi tekun anggladhi lan amarsudi
02. Pangertosan Bab Hamedhar Pangandikan
Saderengipun kita anggladhi utawi maraga hamedhar pangandikan / tanggap wacana, langkung rurniyin kedah mangertosi babagan werdinipun hamedhar pangandikan / tanggap wacana punika punapa?Hamedhar pángandikan / tanggap wacana punika salah satunggaling pakaryan kangge amedharaken panguneg-uneging manah, gagasan, inforrnasi dhumateng piyantun kathah lan anggadhahi tujuan kangge mratelakaken pangertosan dhumateng piyantun kathah nanging saged ugi kangge milut.
Dados ingkang baken salebetipun hamedhar pangandikan / tanggap wacana inggih punika kados

pundi panjenengan saged amilud dhumateng para pamyarsa kanthi pamedharing pangandikan panjenengan, tartamtu kemawon badhe andamel. kuciwaning manah menawi panjenengan hamedhar pangandikan kanthi angandhar - andhar, ngantos - ngantos busana kita teles dening gumbrobyosing riwe, nanging para pamyarsa (para tamu) punika babar pisan boten saged kapilut / katuju ing manah.
Dados punjeripun kita hamedhar pangandikan punika, tiyang sanes supados miyarsakaken punapa ingkang kita wedharaken, kanthi pangajabing sedya sageda dados cathetan wonten ing penggalihipun. Punika hamedhar pangandikan ingkang sae.
03. Tujuan Hamedhar Pangandikan
Kados sampun kaandharaken wonten ing ngajeng tujuan utami hamedhar pangandikan inggih punika kangge hangaturaken panguneg - uneging manah utawi mratelakaken informasi kanthi Hamedhar pangandikan wonten sangajenging piyantun kathah supados sami mangertosi ingkang kita andharaken.
Peprincening hamedhar pangandikan punika kaperang dados pinten - pinten perangan.
1. Hamedhar pangandikan ingkang asipat mratelakaken informasi.
2. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hiburan.
3. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut dhumateng para
pamyarsa.
04. Hamedhar Pangandikan Ingkang Sipatipun Informasi
Informasi ingkang mengku werdi palapuran, utawi pratelan ngengingi satunggaling bab dhumateng para pamyarsa.
Amargi hamedhar pangandikan ingkang sipatipun informasi punika ngandharaken pawartos utawi palapuran, utawi nyariyosaken salah satunggaling bab dhumateng para pamyarsa, salebetipun hamedharaken babagan ingkang wigatos kedah ingkang cetha, gamblang lan sasaget - saget dipun mangertosi.
Menawi kita hamedhar pangandikan kanthi gamblang lan gampil dipun tampi, pramila mboten badhe muspra wedharing pratelan ingkang kita wedharaken.
Pamyarsa saderengipun babar pisan boten mangertos, nanging ing wusananipun gamblang lan mangertos sasampunipun kita hamedhar pangandikan ingkang sipatipun informasi / pratelan.
Medharaken informasi punika upaminipun ngaturaken palapuran tanggel jawab pangarsa dhumateng para anggota ing babagan program kerja ing salebeting satunggal warsa (setahun), mratelakaken palapuran ngengingi bab - bab ingkang dipun tindakaken lan sanes - sanesipun.
Read More...