GABUNG DISINI untuk Meningkatkan Trafic Blog MU.....

Tampilkan postingan dengan label WIRAYAT JATI. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label WIRAYAT JATI. Tampilkan semua postingan

Selasa, 12 April 2011

( 1 ) Wirayat Jati Bagian 2


I.       III   Wewejangan ingkang kaping tiga dipun wastani; “ Gegelaran Kahananing Pangeran “ pamejangan ambeberaken ingkang dados kanyatahan lan karsaning Pangeran, nalika anggelaraken kahanan miwah panguwasanipun, inggih punika ingkang anedahaken waktu badhe dhatengipun pejah, kamg ugi sasadan pangandikanipun Pangeran  dhateng Nabi Mohammad SAW.
Mekaten Pangandikanipun ; “ Sajatine manungsa iku rahsaningsun lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karan ingsun anitahake wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaningsun, iya iku sasmitaning geni, bumi, angin lan banyu ingsun panjingi limang ( 5 ) prakara iya iku : CAHYA, CIPTA, SUKSMA ( Nyawa ), ANGEN – ANGEN, lan BUDI iku minangka embanan panuksmaningsun, sumrambah ana ing dalem badaning manungsa.

Wejangan ing nginggil punika cundhuk kaliyan pangandikanipun para wicaksana ing Atasangin. Mekaten ; “ Rupa sajati iku asal saka sajatining rupa, sajatining rupa inggih warnaning Pangeran kang sejati, kababar wonten ing rupa kita pribadi, inggih punika tuladha surating Pangeran. Utawi sajatining Pangeran punika dados tiladhaning Nyawa utawi Suksma sajati, Nyawa sajati dados tuladhaning warna sajati, warna sajati punika dados tuladhaning rupa kita sajati”. Sampun uwas sumelang malih sabab kahananing manungsa punika tuturutan wahananing Pangeran, katandha saking prabawaning cahya kang anglimuti ing warna kita pribadi.
Amung dumugi samanten kemawon tepapalupining pralambang, menggah sumelehing penggalih kasumanggaaken, angger katuwuhan Budi wicaksana, sayekti saged anampeni suraosipun sadaya wejangan punika wau.


II.           Wewejangan ingkang kaping sakawan dipun wastani ; “ Kayektening Pangeran “ inggih punika pitedahan tataning karaton, duk tinata wonten uteking manungsa. Sejatosipun inggih naming kangge pitedahan kayektening wujud satunggal – satunggal, anandhakaken kadadosan karsa, ingkang mboten ewah gingsir ing kahananipun. Wejangan wau inggih anggelaraken bab kasampurnaning manungsa, kang ugi sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng Nabi Mohammad SAW. 
Mekaten pangandikanipun : “ Sejatine Ingsun anata palenggahan, dumunung ana ing enggon parameaningsun, jumeneng ana ing sirahing manungsa. Kang ana sajroning sirah iku utek, kang gegandhengan ana ing antarane utek iku manik, yoiku telenging netra aran pramana. Sajroning manik iku Budi, sajroning Budi Iku Napsu , kang uga ingaran angen – angen. Sajroning Napsu iku Suksma , kang uga ingaran Nyawa, Roh utowo Getih . Sajroning Suksma iku Rahsa, kang uga ingaran Cipta. Sajroning Rahsa iku Ingsun , ora ana Pangeran, nanging Ingsun sajatining urip kang anglimuti  sagunging kahanan.”

Menggah dunungipun mekaten :

1.      Sirah  Sajatining enggen Parameyan.
2.      Utek kandanging Cahya, pambukaning netya.
3.      Manik Sajatining Pramana, pambukaning Paningal.
4.      Budi Sajatining Manah, pambukaning Pamicara.
5.      Napsu Sajatining Angen – angen, pambukaning Swara.
6.      Suksma Sajatining nya, pambukaning Swarga.
7.      Rahsa  Sajatining Gesang, pambukaning Pangraos.

Peperangan ing nginggil punika, sajatosipun mboten sanes witing Pangawasa wau, inggih saking purbawasesaning Pangeran kita.
Read More...

( 1 ) Wirayat Jati Bagian 1


WIRID MAKLUMAT JATI mengku 8 wiridan ;

1. Wirayat Jati
2. Laksita Jati.
3. Panunggal JAti.
4. Karana Jati.
5. Purba Jati.
6. Saloka Jati.
7. Sasmita Jati.
8. Wasana Jati.

8 Wiridan punika minangka Wedharing Ilmu Kebatosan.


" UILAHENG HONGMANGARCANA, MATAYA, AWIGNA MASTUNA MASHIDEM, UPAH MAYANA SIWAHA "

Suaroasipun : Dhuh hem adhuh, kawula manembah ing suksma, dununging panembah, sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking kamirahanipun Sang Hyang Guru, ingkang mengku sakliring pepadhang.

Anenggih punika pituduh ingkang sanyata, anggelaraken dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, wiwiwnih saking pamejangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitedah kasajatining kawruh kasampurnan, tutladhan saking kitab TASAWUF. Panggelaring wejangan wau thukul sakingkaweningan raosing penggalih, inggih Cipta Sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wedharing pangandikaning Pangeran dhateng Nabi Musa Kalamolah, ingkang suraosipun mekaten " ING SABENER - BENERE MANUNGSA IKU KANYATAHANING PANGERAN, LAN PANGERAN IKU MUNG SAWIJI "

Pangandikaning Pangeran ungkang mekaten wau, inggih punika ingkang kawesharaken dados witing kawruh kasampurnan, ingkang lajeng kawedharaken para gurunadi dhateng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Dene wonten kawruh wau, lajeng kadhapuk 8 papangkatan sarta pamejangipun sarana kawisikaken ing talingan kiwa, Mangertosipun asung pepenget bilih wedharing kawruh kasampurnan punika mboten kenging kawejangaken dhateng sok tiyanga, dene kengingipun kawejangaken namung dhateng tiyamh imgkang sampun pinaringan Ilhaming Pangeran, tegesipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi pangangen-angenipun ( ciptanipun ).

Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos serat punika sayuginipun sinembuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning saged anampeni saha angecupi suraosipun wejangan punika, awit suarosipun pancen kapara nyata yen saklangkung Gawat. Mila kasembadanipun saged angecupi punapa suraosing wejangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalem Raosing Cipta kemawon. Mila inggih mboten kenging kangge wiraosing kaliyan ingkang sampun NUNGGIL RAOS, wedaling pangandika ugi mawia DUDUGI lan PRAMAYOGI, mangertosipun kedah angen mangsa lan empan papan saha sinamun ing lulungidaning basa.

Menggah wontening wewejangan 8 pangkat wau kados ing ngandhap punika :

I.              Wewejangan ingkang rumiyin dipun wastani “ Pitedahan Wahananing Pangeran “  sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng Nabi Muhammad SAW.
Mekaten pangandikanipun :  “ Sejatine ora ono opo – opo, awit duk maksih awang – uwung during ana sawiji – wiji, kang  ana dihin iku ingsung, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun  ( Dat, sipat, asma, afngal ) “
Menggah dunungipun mekaten : “ kang binasakake angandika ora ana Pangeran anging Ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sejatosipun inggih gesang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, menggahing warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawasesaning Pangeran kita, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih ingkang misesa, inggih Wang’ ( daean inggih kang manuksma, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih kang misesa, inggih kang kawisesa, umpami surya lan sunaripun, maben lan manisipun, sayekti mboten saged den pisaha )

II.           Wewejangan ingkang kaping kalih dipun wastani : “ Pambuka Kahananing Pangeran “, pamejangipun amarahaken papangkatan adeging gesang kita dumunung ing dalem 7 kahanan, sasadan pangandikaning Pangeran dhateng Nabi Mohammad  SAW .
Mekaten pangandikanipun : “ Satuhune Ingsun Pangeran sejati, lan kawasa anitahake sawiji – wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan pepesteningsun, ing kono kanyatahane gumelaring karsa lan pakartiningsun, kang dadi pratandha “.
Kang Dhihin     ;  Ingsun gumana ing dalem alam awang – uwung kang tanpa wiwitan tanpa
   wekasan, iya iku alam Ingsun kang maksih piningit.
Kapindho          ;  Ingsun nganakake cahya minangka panuksmaningsun dumunung ana ing
    alam  pasenedaningsun.
Kaping telu       : Ingsun nganakake wawayangan, minangka panuksma lan dadi
     rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaring wiji. 
Kaping pat        :  ngsun anganakake suksma, minangka dadi pratandha kauripaningsung,
    dumunung ana ing alam getih.
Kaping lima      :  Ingsun anganakake angen – angen kang uga dadi warnaningsung, ana ing
   dalem alam kang lagi kena kaumpamaake bae.
Kaping enem    : Ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan pencaring angen –
   angen  kang dumunung ing dalem alaming badan alus.
Kaping pitu      : Ingsun anggelar warana kang minangka kakandhangan sakabehing
    paserenaningsun. Kasebut nem prakara ing ndhuwur mau tumitah ana ing
    donya iya iku sajatining manungsa.
Kacariyos wontening warana wau, kadadosaken saking pakartining pramana, warni sosotya kang darbe sorot manca warni. Ing nalikanipun mosik lajeng ngawontenken warna tigang      ( 3 ) perangan, ing satunggal – tunggaling perangan sami angawontenaken warni nigang perangan malih, kadosta ;

1.      Huruh, ngawontenaken :
1. Kulit, daging, sapanunggalanipun,
2. Manik, manah, jantung sapanunggalanipun,
3. Harah, Mani, sapanunggalanipun

2.      Kukus ngawontenaken:
1. Napas lan Kaketeg.
2. Pancandriya.
3. Napsu

3.      Toya ngawontenaken :
1. Suksma utawi Nyawa.
2. Rahsa utawi Cipta,
3. Cahya.
Sadaya wau inggih punika ingkang sami dados warnaning Pangeran, dumunung ing badan kita pribadi, sampun uwas lan sumelang ing penggalih. Sebab kawontenanipun ingkang gumelar ing jagad ageng lan jagad alit, punika sampun kawengku wonten salebeting warana, kaprabawan dening purbawasesaning Pangeran kita.
Read More...